Tuesday, April 6, 2010

dino iki (boso Suroboyoan)

masalah pertama:

walah-walah...ono ae dino iki perkorone. nduwe konco sing ngamukan ancen soro pol. aku ancen gak ono niatan mbujuki, wong aku iki wong'e jujur kok..haha. serba salah kan. lek gak disms ngomonge aku jahat, lek disms lha malah ngamuk. aku seh gak tau puseng, "mending punya satu sahabat sejati daripada segudang temen yang gak punya hati". lek ancen gak disopo maneh yo wes, aku gak puseng kok lha wong aku ancen gak salah. iyo lek aku nduwe salah baru aku njaluk sepuro. wes tuwek kok yo gak dewasa pikirane, mbok yo nyadar lek perkoro cilik gak usa nggondokan. untung aku iki termasuk konco sing apik, gak ngamukan pisan. mbok amuki yo wes, mbok apiki yo alhamdulillah. percoyo'o aku berusaha dadi konco sing paling apik. sayang kalian kabeh pokok'e.

masalah kedua:

siji maneh perkoro dino iki, aku sakno karo koncoku lanang (pacare sahabatku sekelas). aku ae gak mbayangno yok opo lek aku iki dadi koncoku lanang, pasti loro seru. diputusno tanpa ono masalah opo-opo..sesek seru. aku ngerti lah maksute sahabatku wedok iki, niate lali karo mantane, tapi gak iso ternyata. tak kandani yo, wong sing pindah nang luar negeri ae gawe ngelali'no pacare durung mesti iso lali satus persen karo mantane. lha awakmu nduwe niatan ngelali'no mantanmu tapi sek tetep ae eling lah, smsan lah, mbahas tentang mantanmu lah, cemburu karo pacare mantanmu lah. iku jenenge durung iso dan jelas gak akan iso lek caramu koyok ngunu. setelah ngerungokno ceritamu mau, ancene mantanmu rodo kuplak pisan..gak nyadar blas rasa sayangmu iku koyok opo, usahamu koyok opo nang mantanmu. hadehh. aku kuwatir lek wes nikah, awakmu gak bahagia. tambah kuru ae la'an. awakmu pacaran ae putus-nyambung, lha lek wes nikah lah cerai-nikah?. "kadang gak selalu dia yang terbaik buat kita". mugo-mugo uripmu luwih seneng + gak ono nangis-nangis maneh yo Nteen.

No comments:

 

blogger templates | Make Money Online